Kamis, 07 Februari 2013

PIWULANG JATI



Assalamu’alaikum wr,wb……………

Esthining manah panembah kula namung dhumateng ngarsaning Gusti Kang Akarya Jagad ingkang mengku saliring papadhang tansah ambubuhi sagunging tusnuwuh lan ngreksa sagunging dumadi. Sumangga sami hanenuwun murih kasembadaning sedya ingkang utami sageda tata titi tentrem karta raharja sarta tinebihna saking sadaya panyeluding wisayaning ngagesang.


Bopo  Teguh Santoso





SASMITANING GHAIB


Sampun kawiyak warananing jagad
Datan maleh hawujud pralampita sakawit
Datan saget kadunungaken ing budi pra kawulo
Sabab handulu kahanan kamot ing sanepan
Pramila kawedar soho kagunggung sampun
Sadya kahanan dumadi kawiwitan padjajaran bumi
Kasaput bramantyaning Sang hyang hanantobogo
Mesu brata sampun badar ing pasepening pratapan

Kadulu ing katebihan tindaknyo sang noto hanitih estitama
Katemah taksih karsa sesinglon rupa hambawur kawulo
Bumi loka taksih kebak ing waspa
Tanah djawi kalimput ing prahara
Lamun sadya piwulang luhur pra wasis datan kapidangetaken
Ajaran suci pra wiku lan ulama datan kaprungu sampun
Ujaring si gaplok sabdane pra wiku lan ulama
Datan maleh kuwawa hambasuh budi candolo
Ambeg angkoro datan saget kagondoli
Duh, jagat kuwasaning Gusti
Pra dasih kadya selo brakiti hamawur tetangisan
Katyoso saget kaprungu ing monco
Lumarap ing waspa hanyaput sadya tentreming manah pra dasih
Ing wetan brang pernahe
Lumarap tapel wates gelang lan kuriphan
Bumi blumbangan bakale katrajang ing mayangkara
Nusa kembini bakalan hanglangut ing sepi
Rinakut dening agni soko yomani
Pra taruna gyo rangkut tumandang
Gugur gunung gyo sabiyantu
Lamun welas adedasar asih tanpa pamrih
Tumuju ing prasetyoning karahayoning bawono
Pralampita kasebat sampun, tutuping warso gyo kinanti
Gunggunging layon datan kapetung
Wusana kinaryo tumbal gyo Hyang Batara Kala
Sinengker sampun lakuning jagad kadulu
Datan sadengah titah gyo purna mratelakaken kang dumugi
Lamun datan titah pujangkara kasihing Gusti
Mesti bakal katalumpen soho kasiku
hamedar sasmitaning alam sunyaluri
kasebat sastra jendra hayuningrat
Lamun taksih karsa ing pepemut
Lamun taksih eling ing pepeling
Lamun taksih setyotuhu mring piwulanging werda suci
Lamun taksih kadunungan cahyaning Gusti
Mrih rahayu ing tindak dumugi
Tansah emut sasmitaning kang simandi
Tutup babagan hawa sanga mesu budi olah semedi
Tansah manuwun pangayoman saking Gusti
Tansah waspada mring lakuning tirta ubaling agni angkara
Laju kiprahipun bayu bakale
Gyo hamikut bebanten dumugi
Wadya bala bregasakan gyo kembul bujana handra wina
Handulu waspa soho panandaning pra kawulo
Wong tua kang kecalan atmojo
Kanoman podo  liwung kapengat dening asmara
Rerantaning bocah kang katilar wong tuwo dadi kunarpo
Eling den eling…….
Gelar sepapan barisaning pra lampor hambrakut kidul pernahe
Padjajaran bumi pinangko pambukaning pepemut
Tutuping warso pinangka madyaning lampah nampi pacobi
Lamun taksih kadunungan daya iman sejati bakale adoh ing bilahi
Tapel wates gelang, kuriphan lumeret wetan bumi Blumbangan
Jinangka Nusa Kembini bakale kapiran ing bilahi
Bumi Klungkung manggih rahayu
Kalis ing rubedo, kalis ing bebendu
Wusananing oncating Sang kala,
Katitik ing pucuking Sapta renggo
Sang Nata gyo jumangkah,
Nungkulaken kyai sidem kayom
Pinayungan  songgsong tunggul naga,
Kaderekaken sang Ismoyo
Gyo luwar sadya panandhang,
Oncat kapracondang pra wadya begasaan
Gyo sumingkir podo tinggal glanggang
Kasoran pamoring sang nata
Bumi djawi rahayu kinanti ing dumugi
Lamun katumbalan iklhas ing budi
Gyo bali minturut dawuh
Soho piwulang ing werda suci
Sakawit sadya puniko
Hamung kinaryo hangunduh wohing pakarti
Tansah ngunjuk syukur mring Ilahi
Saperlu rahayu awak mami
Sabab tanpo rowang sanak kadang bakale ngrewangi
Manowo taksih nandang pacobi
Hamung Iman soho setyo ing janji
Mring dawuhing guru sejati bakale bisa
Wujudake manunggaling kawula Gusti
Inggih puniko margi ingkang bakale nyentosani
  


” PANGANDIKANING GURU SEJATI “

Kito iki urip kang diarani Jumeneng Manungso tinitah ing Alam Padhang ( Jagad Raya ). Kudu sumurup artining PATRAP TRAPING SUSILO ” ateges Toto Kromo, Toto, Titi, Titis,Nastiti, Ngati-ati,Duga-Prayogo, Temen,Sabar,Tawekal, Nerimo,Tatag,Ikhlas, Sumeleh,Hening,Heneng, Awas Heneng lan Eling serto Waspodho.

Ojo podho kleru tompo, sebab kabeh kuwi wus diatur dening ” PONCO DRIYO “.

Mungguh kito urip sipating Manungso asal soko DUMADI lan PAMBUDI…!!. Yo iku kang diarani PANGERAN SANYOTO kuwi tegese WUJUD kito YEKTI. Mulo soko iku kito jeneng wong kang NGAURIP, Lumaku satindak kudu ” NGAWERUHI HANANIRO “, ajo demen LELEMERAN, kudu SETYO TUHU marang GESANGIRO lan KAPITAYAN marang badaniro dhewe mungguh lungguhe AKU. Mulo ora gampang yo ora angel mungguh lakuning Manungso ( Jalmo ), sakbiso-biso ojo NYIDRANI JANJINIRO kang wus KAWIJIL.

Sabdo PANDHITO WATAK UTOMO :

Yen cidro temahing BILAHI. Kito temen bakal TINEMU. Kito BECIK KETITIK. Kito OLO KETORO.

Mulane mumpung kito isih GESANG ( urip ). Ayo podho NGUDI NGELMU kang SANYOTO ing endi lungguhing ELMU margane poro Sanak Kadang samiyo NGUDI TUWUH kudu TUMINDAK :

SAROJO, TRISNO, SETYO, TUHU, PRASOJO lan UTOMO Jerjering Manungso.


Hananing PAMBUDI margo soko DUMADI, Banjur biso muncul unen-unen sing diarani ” ELMU lan NGELMU ” dumunung ono ing PONCO DRIYO. Ponco Driyo iki kang biso ngukir SEKABEHING Kabudayan.

Mulo Jaman kuno makunaning diarani JAMAN KABUDAN. Banjur kuwi sakwuse kang aran Agomo BUDHA. Lah Budha iku ” BUDI sawise BUDI KABUDAYAN ” pokok sekabehing Kabudayan iku diatur dening PONCO DRIYO…!!
Sejatining kang aran AGOMO kuwi yo BUSONO, AGEMAN yo kang aran KUNCI SEJATI. Mulo ing kene kito aturake, mungguh ananing dumadi banjur hanane PANGERAN SANYOTO. Banjur ono tembung kang aran A, I, U, tegese AKU, IKI, URIP. Ananing URIP ono sing NGURIPI. Ananing AKU ( Kawulo ) sebab ananing GUSTI, yen yo ora GUSTI wis mesti ora ono Kawulo. Sawise mengko banjur kawijil ” ROSO-PANGROSO, biso MUNO lan MUNI, terus kabeh mau diatur dening PONCO DRIYO.
Ananing ELMU lan NGELMU, Sir Kawulo maneges marang Gusti banjur ono WUJUD MAKNA sing diarani SIDIKORO, MANEKUNG lan SEMEDI.
 



PAPAT LIMA PANCER


SEDULUR PAPAT LIMA PANCER Njupuk sumber saka Kitab Kidungan Purwajati seratane , diwiwiti saka tembang Dhandanggula kang cakepane mangkene :
Ana kidung ing kadang Marmati Amung tuwuh ing kuwasanira Nganakaken saciptane Kakang Kawah puniku Kang rumeksa ing awak mami Anekakake sedya Ing kuwasanipun Adhi Ari-Ari ingkang Memayungi laku kuwasanireki Angenakken pangarah Ponang Getih ing rahina wengi Ngrerewangi ulah kang kuwasa Andadekaken karsane Puser kuwasanipun Nguyu-uyu sabawa mami Nuruti ing panedha Kuwasanireku Jangkep kadang ingsun papat Kalimane wus dadi pancer sawiji Tunggal sawujud ingwang Ing tembang dhuwur iku disebutake yen ” Sedulur Papat ” iku Marmati, Kawah, Ari-Ari, lan Getih kang kaprahe diarani Rahsa. Kabeh kuwi mancer neng Puser (Udel) yaiku mancer ing Bayi.
Cethane mancer marang uwonge kuwi. Geneya kok disebut Marmati, kakang Kawah, Adhi Ari-Ari lan Rahsa kuwi?. Marmati iku tegese Samar Mati ! lire yen wong wadon pas nggarbini ( hamil ) iku sadina-dina pikirane uwas Samar Mati. Rasa uwas kawatir pralaya anane dhisik dhewe sadurunge metune Kawah, Ari-Ari lan Rahsa kuwi mau, mulane Rasa Samar Mati iku banjur dianggep minangka Sadulur Tuwa. Wong nggarbini yen pas babaran kae, kang dhisik dhewe iku metune Banyu Kawah sak durunge laire bayi, mula Kawah banjur dianggep Sadulur Tuwa kang lumrahe diarani Kakang Kawah. Yen Kawah wis mancal medhal, banjur disusul laire bayi, sakwise kuwi banjur disusul Metune Ari-Ari. Sarehne Ari-Ari iku metune sakwise bayi lair, mulane Ari-Ari iku diarani Sedulur Enom lan kasebut Adhi Ari-Ari Lamun ana wong abaran tartamtu ngetokake Rah ( Getih ) sapirang-pirang. Wetune Rah (Rahsa) iki uga ing wektu akhir, mula Rahsa iku uga dianggep Sedulur Enom. Puser (Tali Plasenta) iku umume PUPAK yen bayi wis umur pitung dina. Puser kang copot saka udel kuwi uga dianggep Sedulure bayi. Iki dianggep Pancer pusate Sedulur Papat. Mula banjur tuwuh unen-unen ” SEDULUR PAPAT LIMA PANCER ” 0 Kekayon wayang purwa kang kaprahe kasebut Gunungan, ana kono gambar Macan, Bantheng, Kethek lan Manuk Merak. Kocape kuwi mujudake Sedulur Papat mungguhing manungsa.
Kewan cacah papat mau nggambarake nafsu patang warna yaiku : Macan nggambarake nafsu Amarah, Bantheng nggambarake nafsu Supiyah, Kethek nggambarake nafsu Aluamah, lan Manuk Merak nggambarake nafsu Mutmainah kang kabeh mau bisa dibabarake kaya ukara ing ngisor iki: Amarah : Yen manungsa ngetutake amarah iku tartamtu tansaya bengkerengan lan padudon wae, bisa-bisa manungsa koncatan kasabaran, kamangka sabar iku mujudake alat kanggo nyaketake dhiri marang Allah SWT. Supiyah / Kaendahan : Manungsa kuwi umume seneng marang kang sarwa endah yaiku wanita (asmara). Mula manungsa kang kabulet nafsu asmara digambarake bisa ngobong jagad. Aluamah / Srakah : Manungsa kuwi umume padha nduweni rasa srakah lan aluamah, mula kuwi yen ora dikendaleni, manungsa kepengine bisa urip nganti pitung turunan. Mutmainah / Kautaman : Senajan kuwi kautaman utawa kabecikan, nanging yen ngluwihi wates ya tetep ora becik.
Contone; menehi duwit marang wong kang kekurangan kuwi becik, nanging yen kabeh duwene duwit diwenehake satemah uripe dewe rusak, iku cetha yen ora apik. Mula kuwi, sedulur papat iku kudu direksa lan diatur supaya aja nganti ngelantur. Manungsa diuji aja nganti kalah karo sedulur papat kasebut, kapara kudu menang, lire kudu bisa ngatasi krodhane sedulur papat. Yen manungsa dikalahake dening sedulur papat iki, ateges jagade bubrah.