Sabtu, 17 September 2011

Memayu Hayuning Bawana


MEMAYU HAYUNING BAWANA

Luhuring kawruh babagan karahayon dumunung ana ing pangawikan pribadi, samubarang kalir saliring bab sabarang reh mengku kaluhuran Gusti sinawung sekar kesumastuti.
Pangawikan Pribadi Pambukaning Kaywanan
1.  Surya kembar ing madyaning ratri, tumanduking katresnan sanyata, lelabuhan panuntune, rawuhe panunggal laku, pengadilan asmara wening, pinarcaya ing kodrat, tumuli manekung, sinerat pustaka rasa, sing prayitna lamun harsa manjing budi, memayu hayuningrat.
2. Tumurune pepakon kang jati, peparinge Kang Maha Kuwasa, minangka panunggal dzate, panyerat karya hayu, rahayune manunggal kardi, pakaryaning Pangeran, aneng budi luhur, panunggaling cipta rasa, miwah karsa panyerat pustaka iki, , mangestu hesti tunggal
3. Lelabuhan  kang minangka  wangsit,  jumenenge  Sang  Saka  makarya, hanglabuhi sira kabeh, marsudi budi hayu, kaluhuran sempurna jati, heninging wardayanya, hambeging aluhur, kinarya labuh Negara, marma sigra sinerat pustaka iki, dadya kawuningana
4. Kang  hamaca  layan  kang   marsudi,  ing  wanci  iki  uga  binuka,  kawruh  pangawikan  dzate,  binuka telenging kalbu, pambukaning warana ghaib, kunci nanpa nugraha, sempurnaning laku, memayu hayuning jagad, Nuswantara papan panunggaling ngilmi, sempurnane ngagesang
5. Ana dene prasetyane Gusti, marang kabeh tumitah ing donya, sing pada gentur tapane, tetep ngawula laku, nulad marang citraning Gusti, kang ana ing saben titah, dadi srananipun, rahayu kang jinangka, kasembadan sasedyane hamungkasi, hayu nir sambekala.
6. Rikalane  sumujud  nyawiji, jumujug  marang  ngarsa  Pangeran, Gusti  Kang  Maha Agunge, lega lila sedarum, datan melik mring samukawis, sakabehing lelakon, sumarah Hyang Agung, tumurune kanugrahan, hanulada pra priyagung duk ing uni, nulada laku tama.
7. Utamane wong aurip iki, tuwa anom ageng alit samya, ngetingalna labetane, hayu sesaminipun, ngesti rasa sempurneng jati, ngenut krenteging manah, suba sitanipun, ing pundi dununge gesang, kang sempurna tumeka ing zaman akhir,tentrem ing salaminya.
8. Salamine tansah mujosmedi, ing wardaya emut mring Pangeran, tan ginggang langgeng anane, duh tumitah sedarum, gegandengan zaman puniki, yen harsa urip mulya, labuhana iku, jumeneng pangawak teja, hanampani kanugrahane Sang Adil., wahyu makuta rama.
9. Mardikengrat mustikeng panunggil, katetepan nugraheng Pangeran, prayitna ing panampane, kiblat papat den ukur, lima pancer pusering budi, jembaring jagad raya, bumi langit jumbuh, sanadyan durung priksa, sayekti apa pralampiteng Sang Adil , hambega paramarta.
10.  Tanda lamun kekasihing Gusti, nora mundur nadyan mung sejangkah, ngemban dawuh panunggale, memayu hayu laku, hangayomi ciptane Gusti, Ingkang Maha Kuwasa, gawe tentrem hayu, saisine jagad raya, nganggo dasar piwulang saka Sang Adil, pustaka ngesti tunggal.
11.  Tunggal jati sempurneng dumadi, tunggal cipta paripurneng lampah, dumadiya saciptane, sakarsane maujud, tentrem hayu sempurna jati, anane wus tumedak, kabeh laku hayu, yen ginulang dadi srana, kabeh mau dadya tepa lan palupi , tumrap kang pada priksa.
12.  Priksanana aneng jroning ati, talitinen sajrone wardaya, sagung pakaryan wulangreh, papan dununge kawruh, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, lan pakaryanipun, dadya nyarira manunggal, tumanduke makarya sarwa utami, hayu nir sambe kala
13.  Kalanggengan kang pada den udi, lelabuhan mring sesame gesang, kasempurnan dumadine, sabarang kang dinulu, kapyarsa lan ginanda yekti, rinasa jroning nala, panggraita jumbuh, panca driya sung panunggal, kaluhuran katresnan Gusti manunggil, lelangen jroning rasa.
14.  Rasa jati sempurneng aurip, kinaroban marang sihing Allah, kataman branta wulangreh, hayu rahayu laku, pangawikan ingkang binangkit, ginugah mring Pangeran, Gusti Maha Agung, tetela lamun sanyata, katetepan kasempurnaning dumadi, memayu hayuningrat.
15.  Ratu Adil sapa kang wus uning, keparenge Gusti Kang Kuwasa, binuka kalbu weninge, wruh saliring lelabuh, hanedakna katresnan jati, katresnan yekti bisa, gawe tentrem hayu, duh kesuma jati srana, tampanana katresnan ingkang sejati, sajiwa lan saraga.
16.  Jiwa raga gumolong sesaji, hanetepi kuwajibanira, ngawula mring Pangerane, mengkoni budi luhur, patembaya suwita Gusti, tumekeng pecat Suksma, netepi mring dawuh, hanresnani Pangeran, hanetepi jejering panunggal kardi, tresna sapepadanya.
17.  Nyata  lamun  lelabuhan  suci, ingkang  bisa  gawe tentrem jagad, rahayu pra titah kabeh, kang kadunungan ngelmu, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, mring Gusti Maha Gung, kang mengkoni Jagad Raya, saisine kapurba wisesa Aji, Purwa Madya Wasana.
18.  Wasanane wong aurip iki, dadi srana gumelaring kodrat, miturut laku jantrane, nadyan sifating Wahyu, kasempurneng urip lan pati, iku amung sarana, murih tansah hayu, kasinungan katentreman, iku wajib den persudi kanti becik, kinarya dadi srana,
19.  Saranane sembada ngugemi, marang dawuhe Kang Maha Kwasa, tentrem ing lahir batine, kasinungan lelaku, guyub rukun netepi wajib, hambangun Nusa Bangsa, lan Negarinipun, murih hayu kang jinangka, lelabuhan gawe tentrem jagad iki, hayu rahayu ing rat
20. Rata waradin sajagad iki, kunci rahayu ingkang tinampa, lelabuhan panyerate, bawana gung rahayu, urip tentrem salami lami, duh para kadang ingwang, ywa kongsi kalentu, iki pepakon kang ana, den agema tumekaning zaman akhir, rahayu kang pinanggya.



Dhandhanggula

Lampus ing manah atemah kingkin,
sangsaya raga among turida,
lepas mangkya
ing lampahé,
kalih titiyangipun,
sangsaya raga among marga sunu kang dènlampahi,
anut imbang acala,
iringaning gunung,
kidang umregil ing jurang,
asrih tinon keñaring sodama ngalih,
kadya tuduhèng marga.
Kagyat bedagan anèng wanadri,
bantèng jajawi kidang manjangan,
kancil tanggiling réwangé,
luwak lawan tinggalung,
rasèng wiro lawan kasturi,
manawak lawan landak,
lingsang lan weregul,
walang kapa lan jalarang,
luwak kapur irèng aning pang alinggih,
ramya amangsa wohan.
Kidul kilen pagagan kapering,
ramya swaraning tunggu tanduran,
karengo mandra calunge,
ramyar sinranging wijung,
tan pantara kokole muni,
pareng lan taluktaka,
swaranna gumuruh,
kapuyan Nyi Silabrangta,
kang kaesti punika rasaning pati,
tansah ngesti durgama.
Raryan ika srih anglawuh rawi,
sasoring angsana abrah mekar,
ruruh sumawur sekaré,
lir warsa kancana rum,
pindha pindha sinom nyang rawit,
lir langsé langsé ika,
ing ngapulang lulut,
satpada angisep sekar,
pangrengié kadya sambating dya asih.
Kagyat awungu Nyi Silabrangti,
amiyarsa paksi awurahan,
pupungun lengleng driyané,
anukmèng daryanipun paksi iki kadya ngaruhi,
polahèng brangta ing yang,
tekèng don aturu,
angur aja nglalanaa,
wetenge lan napsuné dèn kurateni,
dadi ngucap mangkana.
Bi Candhini mangké aningali,
babadan añar angunga jurang,
asangkep tatandurané,
kacang lan tebu wulung,
tales cina lan katak uwi,
karangdhang payodara,
ing pinggiranipun,
tales bakatal bilungkang,
putih lalaja kakara benguk cicipir,
ing pinggir cabé sabrang.
Nyi Silabrangta atanña aris,
Mangunarsa ika tinakènan,
kai syèkh manira takèn,
ingkang iman puniku,
kaya apa dèn ucap dhingin,
gumanti tokid ika,
maripat ing pungkur,
kang iselam tan dèn ucap,
kidul kilèn marapt dèn ucap dhingin.
Syèkh Mangunarsa maksih alinggih
nora wikan yèn sanaké pejah,
winartan dèning raréné,
mangké lalawad gupuh,
sarawuhé mangké alinggih,
lawan Nyi Silabrangta,
ika kang andulu,
semuné ana duduga,
kang sawenéh semuné lila
aradin, wikan jatining lampah.
Syekh Amongraga kawuwus malih,
dawaning kawiswara sang mindha,
wikan Yèn pejah sanaké,
mapan tan tulus kokum,
ameng-ameng anèng jaladri,
pan sinung nugraha,
linabuh tumimbul,
wenang angambah bramaga,
tan adangu Amongraga ika prapti,
dhekah ing Wanantaka.
Warnanen mangké Nyi Mbok Malarsih
sapanglilirira mangké nidra
angungun déning impèné,
supenané dèn guguh,
Tambangraras anakku nini,
wus lipur ta manira,
déning brangta wuyung,
mangké katon ing supena,
Tambangraras awèt andadawa brangti,
la edan darmanira.
Dan warnanen dénira kang rasmi,
Ki Jayasmara lan arinira,
ènjang kawarnaa mangké,
sampun amit yayébu,
adam mintar Ki Jayèngrasmi,
anganggé wastra ina,
anandhang salimut,
tan ambakta panakawan,
alilingsé samya mbakta kalam mangsi,
linggar angala désa.
Kang amaca rangdha nom tur sugi,
Nyi Tilarsa pan jujulukira,
rangdha nom becik budiné,
anyar kapatèn kakung,
katilaran anak kakalih,
wadon sami diwasa,
warnanipun ayu,
awasta Nyi Kèn Sumarsa,
kang taruna wastané Nyi Ken Warsiki,
lir widadari Kèndran.
Sireping wong kabèh pada guling,
Jayèngraga ika pinaranan,
teka alinggih sandhingé,
aris dénira muwus,
Jayangraga wuwunguwa kaih,
lah ta usadanana,
kaya awakisun,
saksat uriping pejah,
awakisun mangsa gagapa basuki,
yèn sira tan asiha.
Ana sanaké lanang sawiji,
ika karsanipun pinaranan,
dhukun Rubaka wastané,
wingi isun angrungu,
arinisun anenggèh sepi,
anaké kang apajar,
yèn lunga andhukun,
isuk’e li apopoyan,
Ki Waudan anenggih lara kapati,
manawi sampun teka.
Warnanen mangké Ki Jayèngrasmi,
salinggarira sing Sinduraja,
angéca-éca lampahé,
sumengkèng gunung-gunung,
parang pringga jurang kapering,
luyut punang wratmaka,
déning lumut lumut,
sèla geng angapit margi,
puchak muré lir wentis kesisan tapi,
araras tiningalan.
Syèkh Malangkarsa ana ing masjid,
uninga yèn wong sanaké teka susunggun bungah manahé,
sinungan salam asruh,
Malangkarsa ika nuruni,
sigra anjawat asta,
aris dènña ngrangkul,
kangen yayi sun ing sira,
anauri Ki Jayasmara amanis,
kakang manira nedha.
Rengen sakala kang anèng margi,
santri Monthèl denira lumampah,
dan Ki Panorta wuwusé,
lintang sadarganipun,
miwah rekèh Nyi Mbok Malarsih,
lungané Jayasmara,
angrasa kaduhung,
kadya salah kapatiyan,
Ki Panorta rabiné dèn pituturi,
wuwusé lir sarkara.
Tan warnanen tingkahira brangti,
mBok Turida lan Nyi Rarasdarya,
dan Ki Panorta wuwusé,
tanpa kilèn sadalu,
dipun tutuh sariranéki, d
éning nisthaning raga,
tuwa sun katungkul,
ing renes lan aryatama,
angur rarèh samya mangun tapa bakti,
tuwèng sun agung mèndra.
Syèkh Amongraga kawuwus malih,
apan kalanira kadhatengan,
Malangkarsa tatamuné,
rawuh sakaomipun,
Jayasmara ingkang dèn iring,
lawan Ki Jayèngraga,
punika donipun,
èca dénya tetrebangan,
tigang dina ing dalu tanana guling,
sami agineman rasa.
Sampun tutug dènira anganggit,
mangka dadya guyoning kang bisa,
tan wruh Yèn dadi cacadé,
ingkang awas aluhung,
sumanta kapaksa kumawi,
tan wruh ing basa tembang,
tembungé kol kaku,
mung aneda pangaksama,
kang sami sadya maca ningali gurit,
ingkwang kang minda muda.
Sasangkalaning Kidung Candhini,
ingkang tinedak babading jaman,
gana utbuta saktiné,
lagya kinawinipun,
sira wolu tenggeg tiga ing,
tusan lima pawohna,
ing sanunggilipun,
duk kinawi palastanna,
naun ejim ing sasih jumadilakir,
wimba ing kawanwelas.
Pinèmutan palasta sinrating,
dinten buda tabu dwi,
sang lek dulkijah wimbané,
ing asta watekipun,
ing warsi dal kodal kadeling,
ri sedeng sinangkalan,
jaman kalinipun,
sunna rasaning pandita,
buda hijrah nabi yan sapta awari,
ning soca yeka sasra.

Jumat, 16 September 2011

PASUWITANING NGAGESANG

PASUWITANING NGAGESANG
Mangka wajibing tumitah
Sapisan, suwita Gusti:
“Eling lamun gesangira
iku sadherma nglakoni
narima sihing Gusti
kojur mujur kang tinemu
awas mring wajibira
limrah kaprahing ngaurip
ora ana wong urip tanpa sangsara.”
Kapindho, benering titah
kuwajiban angleluri
leluhurira priyangga
lelantaran Hywang Widdi.
Patrape mung taberi
tawekal lawan tuwajuh
marang sabda sasmita:
“Dhawuhing para linuwih.
Nora ana Hywang Widdi angandika.”
Patrap pangestining sabda
kanthi ENENG* lawan ENING*
Nyatane gelem wani
ngandel kumandel ing kewuh.
Samangsane kataman
Estine nora gumingsir
Aja nganti angesti gawe sangsara
Eneng = suwunging kang rasa
Ening =menebe si pikir
Ping telu, wajib suwita marang Ingsune pribadi:
Rumangsa dunung manungsa weruh marang bener becik
Iku rumeksing adhil lan kodrating Hywang Agung
Pana pamintanira empan papaning dumadi
sabar sareh nggone amengku aksama
Kaping pat, suwitanira marang Uripe pribadi
iku rasaning sasami pramana ing tindhak-tandhuk
mbangun turut ing karsa papesthen pandoming Gusti
Ora ana barang dumadi sulaya
Ping lima, suwitanira marang Patine pribadi
tegese angreksa raga, gemati anggone angrukti
lamun nemah njenjirik kurang mangan kurang turu
malah kena ingaran nora angajeni dhiri
tan sumurub ing arahing patinira
Yen budine tan sumarah, tegese lali ing wajib
Aku-ne nora sadharma anggaduh pati lan urip
lantaran yayah-wibi dadi saka Kana-Anu [kawah-ari-ari]
mula den weruhana kabeh wajibing ngaurip
aja sungkan mundhak amung kapitunan
Wus wiwit dhek jaman purwa nganti tumeka saiki
durung ana wong kang bisa pramana lakuning urip
Nadyan Ingsun duk nguni uga jeneng numbuk-numbuk
mulane putuningwang Ingsun bisa anuturi
awit biyen pancen ngalami priyangga.
Sewe lara sewu wirang,
tebsane wong ambudi
benere laku utama mengkono uga sayekti
para luhurmu sami rekasane uga tumpuk undhung
Kaya wus karsaning Hywang Samengko lagi pinanggih
sewu beja sira kabeh bisa nampa
Uwohing cipta pramana kabeh leluhurmu sami binuka dadi pusaka Purwa mahagena yekti mulane pilih janmi kang bisa kanggonan iku nampa sabda pusaka pepundhening Tanah jawi lamun nora piniji dening Hywang Suksma
Sira bae putuningwang kang sambada ing pakarti
anggonira nyandhi sabda warsitane pra linuwih kanthi murnining budi tegese nora tumpang suh Aku lan Ingsun-nira mrih papane ing pangrukti dimen tumus beninge leluhurira
Aja mundur yen kataman sakserik lan wirang isin iku tetering Hywang Suksma dedalan dununging wajib sakeh bebaya yekti iku rubane dharmamu dadine lelabuhan Yen aku tan ngrumangsani Ingsunira parek ing ngarsaning Suksma.

PIWULANG LUHUR
1. Yen gelem nalusuri, sejatine ora sethithik piwulang lan pitutur becik kang malah kita tampa saka wong-wong kang gawene nacad marga ora seneng marang kita, katimbang saka kanca raket kang tansah ngalembana. Awit elinga, panacad iku bisa nggugah kita nglempengake laku, dene pangalembana kepara njalari kelalen.

Kalau mau menelusuri, sebetulnya tidak sedikit pelajaran dan petuah bijak yang kita dapatkan dari orang-orang yang pekerjaannya nyacad (menghina) sebab tidak suka dengan kita, dari pada  teman dekat yang selalu memuja/menyanjung. Maka ingatlah penghinaan itu bisa membangkitkan kita untuk meluruskan perjalanan hidup, sedangkan dipuja/disanjung dapat mengakibatkan kita terlena.

2. Samangsane kowe diclathu wong kanthi sengak, aja kok bales sak nalika kanthi tembung kang uga sengak. Prayoga tanggapana mawa pakarti kang alus lan sareh. Jer ya klawan laku kang kaya mangkono iku kowe bisa ngendhalekake watak kang panasbaran, ngasorake sifat kang lagi kasinungan iblis.

Sewaktu kamu dimarahi orang dengan sengit (jelek), jangan dibalas seketika dengan ucapan jelek. Lebih baik tanggapi dengan perbuatan yang baik dan sabar. Sebab dengan perbuatan yang seperti itu kamu bisa  mengendalikan watak yang emosional, mengalahkan sifat iblis dalam diri kita.

3. Ing endi dununge pemarem lan katentreman? Saking angele mapanake rasa, nganti meh ora ana wong kang bisa rumangsa marem lan tentrem uripe. Mula kita kudu tlaten ngalah budi. Dhahana rasa meri lan drengki, amrih gorehing pikir bisa tansah sumingkir.

Dimana tempatnya rasa puas dan ketentraman? Sangat sulit menempatkan rasa, sampai tidak ada orang yang bisa merasakan puas dan tentram dalam hidupnya. Maka dari itu kita harus selalu bersabar. Jangan pernah ada rasa iri dan dengki,  supaya pikiran jelek bisa selalu tersingkirkan.

4. Menawa kowe durung mangerteni marang bab kok anggep ora becik aja kesusu ngatonake rasa sengitmu, gedhene nganti maoni lan nglairake panacad. Awit kawruhana yen pikiran manungsa iku tansah mobah mosik lan molak-malik. Apa kang kok kira ala lan kok gethingi iku ing tembe buri bisa malih dadi kok senengi, kepara malah bisa dadi gantungane uripmu.

Seumpama kamu belum mengerti dengan permasalahan dianggap tidak baik , jangan  dahulu memperlihatkan rasa bencimu, besarnya sampai membalas ucapannya dan mengeluarkan kata-kata menghina. Pertama ketahuilah bahwa pikiran manusia selalu berfikir dan berubah-ubah. Apa yang kamu kira jelek dan kamu benci itu suatu saat bisa berubah jadi kamu senangi, dan bisa berbalik jadi tempat untuk menggantungkan hidupmu.

5. Karepe wong nyatur alane liyan iku beteke mung arep nuduhake becike awake dhewe. Yen sing dijak nyatur wong kemplu, pamrih sing kaya mangkono mesthi katekane. Nanging tumraping wong mursid wong kang ngumbang rereged ing awake sarana migunakake banyu peceren malah saya nuduhake blentang-blentonge pambegan.

Maksudnya membicarakan kejelekan orang tetapi sebenarnya hanya untuk memperlihatkan kebaikan dirinya sendiri. Yang diajak  berbicara orang bodoh, keinginan yang seperti itu pasti terlaksana. Tetapi untuk seorang mursid (guru) orang yang membersihkan diri  dengan sarana mengunakan air yang kotor malah semakin menunjukkan  aibnya.

6. Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake kasuguhan lan kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge enggon awakmu dadi ora aji. Luwih prayoga turuten pralambange “pari dadi” kang saya isi lan mentes malah sangsaya ndhungkluk. Pari kang ndhangak nudhuhake nek kothong blong tanpa isi.

Jangan pernah menunjuk-nunjukkan semua kelebihanmu, apalagi menunjukkan ketekunan dan kepandaiaanmu. Kalau kamu dalam menunjukkan kepandaian diri hanya sebatas di mulut tanpa bukti, suatu saat dirimu jadi tidak ada harganya. Lebih baik ikuti simbolnya “padi” yang semakin isi dan berisi semakin merunduk. Padi yang menengadah menunjukkan kalau kosong momplong tanpa isi.

7. Kahanan ndonya iki ora langgeng, tansah mobah mosik. Yen sira nemahi ketunggon bandha lan kasinungan pangkat, aja banjur rumangsa “Sapa Sira Sapa Ingsun” (SSSI) kang tansah ngendelake panguwasane tumindak deksura marang sapadha-padha. Elinga yen bandha iku gampang sirna. Pangkat bisa oncat ing saben wayah.

Kedaaan dunia ini tidak pernah tetap, selalu berubah-ubah. Kalau kita lagi ditungguhi kekayaan dan pangkat derajat, jangan pernah merasa “Siapa Kamu Siapa Saya” yang selalu menunjukkan kekuasaannya bertindak semaunya pada sesamanya. Ingatlah kalau harta itu mudah habis. Kedudukan (pangkat) bisa lepas sewaktu-waktu.

8. Saiba becike samangsa wong kang lagi kasinungan begja lan kabungahan iku tansah eling, gedhene asung syukur marang kang Peparing. Awit elinga yen tumindak kaya mangkono mau kajaba bisa ngilangi watak jubriya uga mletikake rasa rumangsa yen wong dilahirake ing donya iku sejatine mung dadi lelantaran melu urun-urun, tetulung marang sapadha-padha ning titah, mbengkas kasangsaran, munggahe nggayuh hayuning jagad.

Betapa indahnya sewaktu orang yang lagi mendapatkan keberuntungan dan kebahagiaan haruslah selalu ingat, besarnya selalu bersyukur kepada yang selalu memberi. Maka ingatlah kalau prilaku seperti itu selain bisa mengingatkan watak curiga juga melatih rasa menyadari kalau orang dilahirkan didunia ini sebenarnya hanya jadi perantara ikut berbagi, untuk mencapai kelestarian bumi.

9. “Rumangsa sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa” iku tinulis genah mung diwolak-walik. Nanging surasane jebul kaya bumi klawan langit. Sing kapisan nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak lakune, asosial, yen nggayuh  pepinginan ora maelu laku dudu samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho, pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan.

“Merasa serba ada” dan “Serba ada perasaan” itu jelas tertulis hanya dibalak-balik. Artinya sebernya seperti bumi dan langit. Yang pertama menunjukkan watak mengagung-agungkan diri, bengis setiap langkahnya, kikir, dan kalau ingin meraih keinginan  tidak memperhatikan prilaku jelek semuanya dilanggar. Dan yang kedua, perbuatannya  selalu penuh dengan welas asih, bijaksana di setiap langkah, merasa berdosa sewaktu berbuat merugikan orang.

10. Memitran, paseduluran nganti tumekaning jejodhowan iku yen siji lan sijine bisa emong kinemong, istingarah bisa sempulur becik. Yen anaa padudon sepisan pindho iku wis aran lumrah, bisa nambahi raketing sesambungan. Nanging suwalike yen padha angel ngenggoni sifat emong kinemong mau genah bakal langka langgenge, malah bedaning panemu sithik wae bisa marakake dahuru.

Berteman, persaudaraan sampai datangnya perjodohan itu kalau satu dan satunya bisa saling asuh-mengasuh, istiqaroh bisa semakin baik. Kalaupun ada perselisihan sekali dua kali itu sudah biasa, bisa menambah eratnya pertalian persaudaraan. Tetapi sebaliknya kalau sama-sama susah menempatkan sifat saling asuh-mengasuh itu jelas bakal langka kelanjutannya, berbeda pendapat sedikit saja bisa membuat perselisihan.

11. Tepa slira lan mawas dhiri iku dadi oboring laku nggayuh rahayu, minangka jimat paripih tumraping ngaurip, munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake watak drengki lan daksiya marang sapepadhane. Sregep mawas dhiri ateges bakal weruh marang kekurangan lan cacade dhewe, saengga wusanane thukul greged ndandani murih apike.

Tenggang rasa dan intropeksi itu jadi penerang jalan dalam mengapai keselamatan, sebagai pusaka (benteng diri) hidup kita, dapat mendekatkan pada rasa kasih sayang dan menjauhkan watak iri dan sewenang-wenang pada sesama. Selalu intropeksi artinya tahu akan kekurangan dan cela diri kita, sehingga akhirnya tumbuh keinginan memperbaiki bagaimana baiknya.

12. Wong kang ora nate nandhang prihatin ora bakal kasinungan rasa pangrasa kang njalari tekane rasa trenyuh lan welas lahir batine. Wong kang wis nate ketaman ing prihatin, luwih bisa ngrasakake penandange wong liya. Mula adhakane luwih gelem aweh pitulungan marang kang kasusahan.

Orang yang tidak pernah merasakan prihatin (kesusahan) tidak akan ketempatan rasa sejati yang menimbulkan datangnya rasa iba dan kasih sayang lahir batin. Orang yang sudah pernah merasakan prihatin (kesusahan), lebih dapat merasakan penderitaan orang lain. Maka biasanya lebih mengerti dan suka memberi pertolongan yang lagi mendapat kesusahan.

13. Tembung kang kurang prayoga kang kalair mung marga kadereng dening dayaning hawa nafsu iku pancen sakala iku bisa aweh rasa pemarem. Nanging sawise iku bakal aweh rasa getun lan panutuh marang dhiri pribadhi, kang satemah tansah bisa ngrubeda marang katentremaning pikir lan ati. Guneman sethithik nanging memikir akeh iku kang tumrape manungsa bisa aweh katentreman lan rasa marem kang gedhe dhewe.

Ucapan yang kurang baik yang terucap hanya suatu sebab desakkan kekuatan hawa nafsu itu, memang seketika bisa membuat rasa puas. Tetapi setelah itu dapat memberi rasa menyesal dan menyalahkan pada diri sendiri, yang selalu menganggu ketentraman pikiran dan hati. Berbicara sedikit tetapi berfikir luas, maka sebagai manusia telah bisa memberi ketentraman dan rasa sangat puas yang besar.

14.     Kita iki kejaba ndarbeni badan wadhag lan pancadriya, siji maneh kita uga darbe osiking ati. Darbe kita iki ora kasat mata, ora kena ginrayang, nanging tansah ajeg elik-elik marang bebener yen lagi nandhang pletiking pakarti lan cipta ala, munggahe katuwuhan krenteg tumindak laku ngiwa. Mula poma dipoma, tansah bisoa ngrungokake osiking atimu, awit iku kang ngajak sak paripolahmu tumuju menyang karahayuning urip.

Kita ini selain mempunyai badan jasmani dan pancaindriya, satu lagi kita juga mempunyai hatinurani. Kepunyaan kita ini tidak dapat dilihat, tidak bisa diraba, tetapi selalu mengingatkan kepada kebenaran kalau sedang mengalami kealpaan dan angan-angan yang kurang baik, jikalau diteruskan mempunyai keinginan melakukan perbuatan kurang baik. Maka berhati-hatilah, harus bisa mendengarkan suara hatimu, sebab itu yang mengajak setiap prilakumu menuju jalan keselamatan hidup.

15. Kawruh lan ilmu pengetahuan iku mung bisa digayuh lan dikuwasani kanthi laku kang laras karo apa kang diwulangake. Lire ajaran teorine kudu bisa dicakake lan ditrapake kanggo karaharjaning bebrayan. Wondene lakune mono kudu sinartan tekad kang gilig lan kekarepan kang tulus lan mantep kinanthenan kateguhaning iman, kanggo ngadhepi sakehing panggodha sarta nyingkiri sikep laku kang sarwa dudu.

Pengatahuan dan ilmu pengetahuan itu hanya bisa diraih dan dikuasai dengan laku yang selaras dengan apa yang diajarkan. Intinya adalah pelajaran teori harus bisa dilaksanakan dan dipratekkan untuk kemuliaan kehidupan. Oleh sebab itu caranya harus dibarengi tekad yang bulat dan keinginan yang tulus dan mantap serta  dengan berbekal keteguhan iman, untuk menghadapi semua godaan serta menyingkirkan sikap perbuatan yang tidak pada tempatnya.

16.     Siji-sijine dalan amrih kaleksanan ing gegayuhan, yaiku makarti kang sinartan kapercayaan lan keyakinan menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen mung kandheg ing gagasan lan kukuhing karep wae, tanpa tumandang lan makarya minangka sarana panebuse, wohe ya ora beda kaya dene wong ngimpi. Cilakane maneh yen selagine nganggit-anggit mau wis kaselak ngrasakake kanikmatane ing pengangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe lan wedi ing kewuh.

Satu-satunya jalan supaya tercapainya sebuah keinginan, yaitu bekerja yang dibekali dengan kepercayaan dan keyakinan bahwa apa yang diharapkan pasti jadi. Kalau hanya berhenti pada gagasan/ide dan kuatnya keinginan saja, tanpa berbuat dan bekerja sebagai sarana pengganti, hasilnya juga tidak berbeda seperti orang yang bermimpi. Celakanya lagi kalau hanya mengarang-arang, akhirnya jadi malas bekerja dan takut merepotkan.

17. Ora ana penggawe luwih dening mulya kejaba dedana sing uga ateges mbiyantu nyampeti kekuranganing kabutuhane liyan. Dedana marang sapepadha iku ateges uga mitulungi awake dhewe nglelantih marang rasa lila legawa kang uga ateges angabekti marang Pangeran Kang Maha Welas Asih. Pancen pangabekti mono wis aran pasrah, dadi kita ora ngajab marang baline sumbangsih kita. Kabeh iku sing kagungan mung Pangeran Kang Maha Kuwaos, kita ora wenang ngajab wohing pangabekti kanggo kita dhewe. Nindakake kabecikan kanthi dedana kita pancen wajib nanging ngundhuh wohing kautaman kita ora wenang.

Tidak ada pekerjaan yang lebih mulia selain beramal yang juga bisa berarti membantu mencukupi kekurangan kebutuhan orang lain. Bersedekah pada sesama itu berarti juga membantu diri sendiri melatih pada rasa tulus dan ikhlas yang juga berarti berbakti pada Tuhan Yang Maha Penyayang. Memang berbakti sudah berarti pasrah, jadi jangan pernah berharap kembali apa yang telah kita sumbangkan. Semua itu milik Tuhan Yang Maha Kuasa. Kita tidak kuasa berharap buahnya persembahan untuk diri kita pribadi. Berbuat kebaikan dengan beramal hukumnya wajib tetapi memetik buahnya kebaikan kita tidak berhak.

18. Nggayuh kaluhuran mono ateges ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Ya dhuwur ing lahir ya uga ing batin. Lire sing murakabi kanggo dhiri pribadi, sumarambah tumrap bebrayan agung. Sapa kang mung mligi nggayuh kaluhuraning lahir, ateges mung mburu drajat, semat lan pangkat, durung aran jejeg uripe. Suprandene sapa kang mung ngemungake kaluhuran batin, ateges ora nuhoni jejering manungsa ing alam donya iku kang kudu tumandang gawe kanggo donyane.

Mengapai kemulian berarti berusaha mencapai tahapan  hidup yang lebih tinggi. Ya tinggi di lahir dan juga di batin. Intinya yang bermanfaat untuk diri pribadi, dan juga untuk semua kehidupan. Siapa yang hanya mengapai kemuliaan lahiriah, berarti hanya memburu derajat/pangkat, belum bisa dikatakan lurus hidupnya. Demikian halnya siapa yang hanya mengapai keutamaan batin, berarti tidak sesungguhnya tampil sebagai manusia di alam dunia yang harus bekerja untuk kelestarian alam.

19. Sarupaning wewadi sing ala lan sing becik yen isih kok gembol lan mbok keket kanthi remit ing ati salawase isih tetep dadi baturmu. Nanging yen wis mbok ketokake sathithik wae bakal dadi bendaramu kang ngidak-idak sirahmu. Selagine mung nyimpen wewadine dhewe wae wis abot, apa maneh yen nganti pinracaya nggegem wewadine liyan. Mula saka iku ojo sok dhemen lan kepengin meruhi wewadine liyan. Sing wis cetha mung bakal nambahi sanggan sing sejatine dudu wajibmu melu open-open.

Segala macam rahasia yang jelek dan baik kalau masih kamu simpan dan disembunyikan dengan rahasia di dalam hati selamanya masih tetap menjadi temanmu. Akan tetapi kalau sudah kamu perlihatkan sedikit saja akan jadi tuanmu yang menginjak-injak kepalamu. Seandainya hanya menyimpan rahasia kita sendiri itu sudah berat, apa lagi kalau dipercaya menyimpan rahasianya orang lain. Yang sudah jelas akan menambahi beban yang sebenarnya bukan merupakan kewajiban kita untuk ikut memelihara.

20. Sok sopoa bakal nduweni rasa kurmat marang wong kang tansah katon bingar lan padhang polatane, nadyan ta wong mau nembe wae nandhang susah utawa nemoni pepalang ing panguripane. Kosokbaline, wong kang tansah katon suntrut kerep ngrundel lan grenengan, merga ora ketekan sedyane iku, cetha bakal kaoncatan kekuwatan ing batin lan tenagane, tangeh lamun entuka pitulungan kepara malah dadi sesirikaning mitra karuhe.

Siapapun akan mempunyai rasa hormat pada orang yang selalu kelihatan bersuka cita dan terang perangainya, meskipun orang itu baru saja mengalami kesusahan atau mendapatkan cobaan hidup. Sebaliknya, orang yang selalu kelihatan susah sering ngomel dan mengumpat, sebab tidak tercapai keinginannya, jelas akan kehilangan kekuatan batin dan tenaganya, jangan berharap mendapatkan pertolongan malah akan di jauhi teman dan kerabat.