Sabtu, 17 September 2011

Memayu Hayuning Bawana


MEMAYU HAYUNING BAWANA

Luhuring kawruh babagan karahayon dumunung ana ing pangawikan pribadi, samubarang kalir saliring bab sabarang reh mengku kaluhuran Gusti sinawung sekar kesumastuti.
Pangawikan Pribadi Pambukaning Kaywanan
1.  Surya kembar ing madyaning ratri, tumanduking katresnan sanyata, lelabuhan panuntune, rawuhe panunggal laku, pengadilan asmara wening, pinarcaya ing kodrat, tumuli manekung, sinerat pustaka rasa, sing prayitna lamun harsa manjing budi, memayu hayuningrat.
2. Tumurune pepakon kang jati, peparinge Kang Maha Kuwasa, minangka panunggal dzate, panyerat karya hayu, rahayune manunggal kardi, pakaryaning Pangeran, aneng budi luhur, panunggaling cipta rasa, miwah karsa panyerat pustaka iki, , mangestu hesti tunggal
3. Lelabuhan  kang minangka  wangsit,  jumenenge  Sang  Saka  makarya, hanglabuhi sira kabeh, marsudi budi hayu, kaluhuran sempurna jati, heninging wardayanya, hambeging aluhur, kinarya labuh Negara, marma sigra sinerat pustaka iki, dadya kawuningana
4. Kang  hamaca  layan  kang   marsudi,  ing  wanci  iki  uga  binuka,  kawruh  pangawikan  dzate,  binuka telenging kalbu, pambukaning warana ghaib, kunci nanpa nugraha, sempurnaning laku, memayu hayuning jagad, Nuswantara papan panunggaling ngilmi, sempurnane ngagesang
5. Ana dene prasetyane Gusti, marang kabeh tumitah ing donya, sing pada gentur tapane, tetep ngawula laku, nulad marang citraning Gusti, kang ana ing saben titah, dadi srananipun, rahayu kang jinangka, kasembadan sasedyane hamungkasi, hayu nir sambekala.
6. Rikalane  sumujud  nyawiji, jumujug  marang  ngarsa  Pangeran, Gusti  Kang  Maha Agunge, lega lila sedarum, datan melik mring samukawis, sakabehing lelakon, sumarah Hyang Agung, tumurune kanugrahan, hanulada pra priyagung duk ing uni, nulada laku tama.
7. Utamane wong aurip iki, tuwa anom ageng alit samya, ngetingalna labetane, hayu sesaminipun, ngesti rasa sempurneng jati, ngenut krenteging manah, suba sitanipun, ing pundi dununge gesang, kang sempurna tumeka ing zaman akhir,tentrem ing salaminya.
8. Salamine tansah mujosmedi, ing wardaya emut mring Pangeran, tan ginggang langgeng anane, duh tumitah sedarum, gegandengan zaman puniki, yen harsa urip mulya, labuhana iku, jumeneng pangawak teja, hanampani kanugrahane Sang Adil., wahyu makuta rama.
9. Mardikengrat mustikeng panunggil, katetepan nugraheng Pangeran, prayitna ing panampane, kiblat papat den ukur, lima pancer pusering budi, jembaring jagad raya, bumi langit jumbuh, sanadyan durung priksa, sayekti apa pralampiteng Sang Adil , hambega paramarta.
10.  Tanda lamun kekasihing Gusti, nora mundur nadyan mung sejangkah, ngemban dawuh panunggale, memayu hayu laku, hangayomi ciptane Gusti, Ingkang Maha Kuwasa, gawe tentrem hayu, saisine jagad raya, nganggo dasar piwulang saka Sang Adil, pustaka ngesti tunggal.
11.  Tunggal jati sempurneng dumadi, tunggal cipta paripurneng lampah, dumadiya saciptane, sakarsane maujud, tentrem hayu sempurna jati, anane wus tumedak, kabeh laku hayu, yen ginulang dadi srana, kabeh mau dadya tepa lan palupi , tumrap kang pada priksa.
12.  Priksanana aneng jroning ati, talitinen sajrone wardaya, sagung pakaryan wulangreh, papan dununge kawruh, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, lan pakaryanipun, dadya nyarira manunggal, tumanduke makarya sarwa utami, hayu nir sambe kala
13.  Kalanggengan kang pada den udi, lelabuhan mring sesame gesang, kasempurnan dumadine, sabarang kang dinulu, kapyarsa lan ginanda yekti, rinasa jroning nala, panggraita jumbuh, panca driya sung panunggal, kaluhuran katresnan Gusti manunggil, lelangen jroning rasa.
14.  Rasa jati sempurneng aurip, kinaroban marang sihing Allah, kataman branta wulangreh, hayu rahayu laku, pangawikan ingkang binangkit, ginugah mring Pangeran, Gusti Maha Agung, tetela lamun sanyata, katetepan kasempurnaning dumadi, memayu hayuningrat.
15.  Ratu Adil sapa kang wus uning, keparenge Gusti Kang Kuwasa, binuka kalbu weninge, wruh saliring lelabuh, hanedakna katresnan jati, katresnan yekti bisa, gawe tentrem hayu, duh kesuma jati srana, tampanana katresnan ingkang sejati, sajiwa lan saraga.
16.  Jiwa raga gumolong sesaji, hanetepi kuwajibanira, ngawula mring Pangerane, mengkoni budi luhur, patembaya suwita Gusti, tumekeng pecat Suksma, netepi mring dawuh, hanresnani Pangeran, hanetepi jejering panunggal kardi, tresna sapepadanya.
17.  Nyata  lamun  lelabuhan  suci, ingkang  bisa  gawe tentrem jagad, rahayu pra titah kabeh, kang kadunungan ngelmu, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, mring Gusti Maha Gung, kang mengkoni Jagad Raya, saisine kapurba wisesa Aji, Purwa Madya Wasana.
18.  Wasanane wong aurip iki, dadi srana gumelaring kodrat, miturut laku jantrane, nadyan sifating Wahyu, kasempurneng urip lan pati, iku amung sarana, murih tansah hayu, kasinungan katentreman, iku wajib den persudi kanti becik, kinarya dadi srana,
19.  Saranane sembada ngugemi, marang dawuhe Kang Maha Kwasa, tentrem ing lahir batine, kasinungan lelaku, guyub rukun netepi wajib, hambangun Nusa Bangsa, lan Negarinipun, murih hayu kang jinangka, lelabuhan gawe tentrem jagad iki, hayu rahayu ing rat
20. Rata waradin sajagad iki, kunci rahayu ingkang tinampa, lelabuhan panyerate, bawana gung rahayu, urip tentrem salami lami, duh para kadang ingwang, ywa kongsi kalentu, iki pepakon kang ana, den agema tumekaning zaman akhir, rahayu kang pinanggya.



Dhandhanggula

Lampus ing manah atemah kingkin,
sangsaya raga among turida,
lepas mangkya
ing lampahé,
kalih titiyangipun,
sangsaya raga among marga sunu kang dènlampahi,
anut imbang acala,
iringaning gunung,
kidang umregil ing jurang,
asrih tinon keñaring sodama ngalih,
kadya tuduhèng marga.
Kagyat bedagan anèng wanadri,
bantèng jajawi kidang manjangan,
kancil tanggiling réwangé,
luwak lawan tinggalung,
rasèng wiro lawan kasturi,
manawak lawan landak,
lingsang lan weregul,
walang kapa lan jalarang,
luwak kapur irèng aning pang alinggih,
ramya amangsa wohan.
Kidul kilen pagagan kapering,
ramya swaraning tunggu tanduran,
karengo mandra calunge,
ramyar sinranging wijung,
tan pantara kokole muni,
pareng lan taluktaka,
swaranna gumuruh,
kapuyan Nyi Silabrangta,
kang kaesti punika rasaning pati,
tansah ngesti durgama.
Raryan ika srih anglawuh rawi,
sasoring angsana abrah mekar,
ruruh sumawur sekaré,
lir warsa kancana rum,
pindha pindha sinom nyang rawit,
lir langsé langsé ika,
ing ngapulang lulut,
satpada angisep sekar,
pangrengié kadya sambating dya asih.
Kagyat awungu Nyi Silabrangti,
amiyarsa paksi awurahan,
pupungun lengleng driyané,
anukmèng daryanipun paksi iki kadya ngaruhi,
polahèng brangta ing yang,
tekèng don aturu,
angur aja nglalanaa,
wetenge lan napsuné dèn kurateni,
dadi ngucap mangkana.
Bi Candhini mangké aningali,
babadan añar angunga jurang,
asangkep tatandurané,
kacang lan tebu wulung,
tales cina lan katak uwi,
karangdhang payodara,
ing pinggiranipun,
tales bakatal bilungkang,
putih lalaja kakara benguk cicipir,
ing pinggir cabé sabrang.
Nyi Silabrangta atanña aris,
Mangunarsa ika tinakènan,
kai syèkh manira takèn,
ingkang iman puniku,
kaya apa dèn ucap dhingin,
gumanti tokid ika,
maripat ing pungkur,
kang iselam tan dèn ucap,
kidul kilèn marapt dèn ucap dhingin.
Syèkh Mangunarsa maksih alinggih
nora wikan yèn sanaké pejah,
winartan dèning raréné,
mangké lalawad gupuh,
sarawuhé mangké alinggih,
lawan Nyi Silabrangta,
ika kang andulu,
semuné ana duduga,
kang sawenéh semuné lila
aradin, wikan jatining lampah.
Syekh Amongraga kawuwus malih,
dawaning kawiswara sang mindha,
wikan Yèn pejah sanaké,
mapan tan tulus kokum,
ameng-ameng anèng jaladri,
pan sinung nugraha,
linabuh tumimbul,
wenang angambah bramaga,
tan adangu Amongraga ika prapti,
dhekah ing Wanantaka.
Warnanen mangké Nyi Mbok Malarsih
sapanglilirira mangké nidra
angungun déning impèné,
supenané dèn guguh,
Tambangraras anakku nini,
wus lipur ta manira,
déning brangta wuyung,
mangké katon ing supena,
Tambangraras awèt andadawa brangti,
la edan darmanira.
Dan warnanen dénira kang rasmi,
Ki Jayasmara lan arinira,
ènjang kawarnaa mangké,
sampun amit yayébu,
adam mintar Ki Jayèngrasmi,
anganggé wastra ina,
anandhang salimut,
tan ambakta panakawan,
alilingsé samya mbakta kalam mangsi,
linggar angala désa.
Kang amaca rangdha nom tur sugi,
Nyi Tilarsa pan jujulukira,
rangdha nom becik budiné,
anyar kapatèn kakung,
katilaran anak kakalih,
wadon sami diwasa,
warnanipun ayu,
awasta Nyi Kèn Sumarsa,
kang taruna wastané Nyi Ken Warsiki,
lir widadari Kèndran.
Sireping wong kabèh pada guling,
Jayèngraga ika pinaranan,
teka alinggih sandhingé,
aris dénira muwus,
Jayangraga wuwunguwa kaih,
lah ta usadanana,
kaya awakisun,
saksat uriping pejah,
awakisun mangsa gagapa basuki,
yèn sira tan asiha.
Ana sanaké lanang sawiji,
ika karsanipun pinaranan,
dhukun Rubaka wastané,
wingi isun angrungu,
arinisun anenggèh sepi,
anaké kang apajar,
yèn lunga andhukun,
isuk’e li apopoyan,
Ki Waudan anenggih lara kapati,
manawi sampun teka.
Warnanen mangké Ki Jayèngrasmi,
salinggarira sing Sinduraja,
angéca-éca lampahé,
sumengkèng gunung-gunung,
parang pringga jurang kapering,
luyut punang wratmaka,
déning lumut lumut,
sèla geng angapit margi,
puchak muré lir wentis kesisan tapi,
araras tiningalan.
Syèkh Malangkarsa ana ing masjid,
uninga yèn wong sanaké teka susunggun bungah manahé,
sinungan salam asruh,
Malangkarsa ika nuruni,
sigra anjawat asta,
aris dènña ngrangkul,
kangen yayi sun ing sira,
anauri Ki Jayasmara amanis,
kakang manira nedha.
Rengen sakala kang anèng margi,
santri Monthèl denira lumampah,
dan Ki Panorta wuwusé,
lintang sadarganipun,
miwah rekèh Nyi Mbok Malarsih,
lungané Jayasmara,
angrasa kaduhung,
kadya salah kapatiyan,
Ki Panorta rabiné dèn pituturi,
wuwusé lir sarkara.
Tan warnanen tingkahira brangti,
mBok Turida lan Nyi Rarasdarya,
dan Ki Panorta wuwusé,
tanpa kilèn sadalu,
dipun tutuh sariranéki, d
éning nisthaning raga,
tuwa sun katungkul,
ing renes lan aryatama,
angur rarèh samya mangun tapa bakti,
tuwèng sun agung mèndra.
Syèkh Amongraga kawuwus malih,
apan kalanira kadhatengan,
Malangkarsa tatamuné,
rawuh sakaomipun,
Jayasmara ingkang dèn iring,
lawan Ki Jayèngraga,
punika donipun,
èca dénya tetrebangan,
tigang dina ing dalu tanana guling,
sami agineman rasa.
Sampun tutug dènira anganggit,
mangka dadya guyoning kang bisa,
tan wruh Yèn dadi cacadé,
ingkang awas aluhung,
sumanta kapaksa kumawi,
tan wruh ing basa tembang,
tembungé kol kaku,
mung aneda pangaksama,
kang sami sadya maca ningali gurit,
ingkwang kang minda muda.
Sasangkalaning Kidung Candhini,
ingkang tinedak babading jaman,
gana utbuta saktiné,
lagya kinawinipun,
sira wolu tenggeg tiga ing,
tusan lima pawohna,
ing sanunggilipun,
duk kinawi palastanna,
naun ejim ing sasih jumadilakir,
wimba ing kawanwelas.
Pinèmutan palasta sinrating,
dinten buda tabu dwi,
sang lek dulkijah wimbané,
ing asta watekipun,
ing warsi dal kodal kadeling,
ri sedeng sinangkalan,
jaman kalinipun,
sunna rasaning pandita,
buda hijrah nabi yan sapta awari,
ning soca yeka sasra.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar